Budaya Wewaler
Budaya Wewaler
Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka tembung gugu
(pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata,temen). Gugon tuhon yaiku
ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka
sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat jawa diarani pepali utawa
larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora
bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku.
Gugon tuhon
1. Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa
wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut
kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsa Bathara Kala, kudu
ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.
Sing kalebu bocah sukreta yaiku:
2. Gugon tuhon wasita sinandi yaiku
kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.
3. Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku
wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining
bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.
Budaya jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh
ngandhut 6 perkara yaiku ketuhanan yang maha esa, rohani,kamanungsan,kulawarga,
lan kadonyan.
Pituduh
Munungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip
iku kaperang dadi enem prekara, kaya kachetha ing ngisor iki.
1. Pituduh magepokan karo Gusti Kang
Maha Wisesa
2. Pituduh kang magepokan karo rohani
3. Pituduh magepokan karo kamanungsan
4. Pituduh kang magepokan karo kabangsan
5. Pituduh kang magepokan karo kulawarga
6. Pituduh kang magepokan karo kadonyan
Wewaler
Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan
Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.
1. Wewaler kang magepokan karo Gusti
Kang Murbeng Urip
2. Wewaler kang magepokan karo rohani
3. Wewaler kang magepokan karo
kamanungsan
4. Wewaler kang magepokan karo kabangsan
5. Wewaler kang magepokan karo kulawarga
6. Wewaler kang magepokan karo kadonyan
Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII/SMA/SMK/MA

👍😊👍
BalasHapusMantappppp sae
BalasHapusMaknyus
BalasHapusTepat
BalasHapusSip
BalasHapusTul
BalasHapus👍
BalasHapusOkee banget👍
BalasHapusGood
BalasHapus👍
BalasHapusKeren
BalasHapus👍👍
BalasHapus