Njaga Tentreming Urip Bebrayan
Njaga Tentreming Urip Bebrayan Tembung novel asale saka basa Itali novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine. A . maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane Crita ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara ( tema ), paraga ( tokoh), lan watake paraga ( penokohan ), lakune crita ( alur/plot ), kepiye pangripta anggone nyritakake ( point of view ), kapan lan papan kedadeane crita kasebut ( setting ), lan wulangan utawa tuntunan kang ditunjokake marang pamaca ( amanat ). ...

