Sukur Marang Gusti Iku Wajib

Sukur Marang Gusti Iku Wajib

      Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyarakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda,tanggap wacana,medhar sabda,sabdatama,lan liya-liyane.
A . Struktur teks sesorah
1.       Irah-irahan
2.       Salam pambuka
3.       Pakurmatan
4.       Purwaka basa utawa pambuka
5.       Wos utawa isine sesorah
6.       Andaran wose sesorah (yen perlu)
7.       Pangarep-arep (pangajab)
8.       Wasana basa utawa panutup
9.       Salam penutup

     


 B .pokok-pokok isine teks sesorah
            Sesorah iku cak-cakane mung sairing,tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah,dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tatacarane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan.
 C .  maca teks sesorah kanthi nyuwara
                Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditunjokake marang wong liya. Amarga ditunjokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapke kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. 

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer