Urip Bebrayan
Urip Bebrayan
Serat wedhatama iku anggitane Kanjeng
Gusti Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung serat tegese tulisan utawa
karya, wedha tegese wulangan utawa tuntunan,dene tama duwe teges utama utawa
kautaman. Dadi,wose serat wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi
pekertine sapa wae kang maca. Serat wedhatama dianggit wujud tembang macapat
pupuh pangkur, sinom, pocung, gambuh,lan kinanthi.
A. Teks serat wedhatama pupuh gambuh lan
nitik guru gatra,guru lagu,lan guru wilangan
Samengko ingsun tutur sembah catur supaya lumuntur dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki ing kono lamun tinemu tandha nugrahaning Manon
·
Pupuh
gambuh ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 35 pada (bait). Sapada tembang
Gambuh kiwa iki kawiwitan saka tembung Samengko
tekan tembung Manon.
·
Guru
gatra yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada
tembang Gambuh ana 5.
·
Guru
lagu yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane
gatra. Guru lagune tembang Gambuh yaiku u,u,i,u,o.
·
Guru
wilangan yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik).
Dadi,guru wlangane tembang Gambuh yaiku 7,10,12,8,8.
·
Supaya
gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane
ditulis: 7u,10u,12,i8u,8o
sumber : Gegaran nyinau basa jawa 2 kelas XI/SMA/SMK/MA

Semoga bermanfaat
BalasHapusSangat membantu
BalasHapusLanjutkan
BalasHapusKerenn
BalasHapusSangat membantu yg lg belajar basa jawa
BalasHapus👍
BalasHapusTerimakasih karna karya tulis dari blog ini saya jadi tau banyak hal
BalasHapusApik banget
BalasHapus👍👍
BalasHapus