Omah Adat Jawa


OMAH ADAT JAWA

Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing Jawa Tengah. Saliyane joglo ing Jawa Tengah uga ana wangun omah limas. Omah Joglo duweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur. Ing jaman saiki wis arang banget ditemokake omah wangun joglo. Omah joglo kagolong kuna ing jaman saiki. Biasane omah joglo iku ana gebyoge kanggo pepaes. Omah Joglo dumadi saka rong perangan utama yakuwi Pendhapa lan dalem. Bagean pendhapa arupa bagean ngarep sing nduweni ruangan jembar tanpa sekat-sekat, biasane dipigunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah-bocah lan lan ruangan liya sing sipate luwih pribadi. Ciri-ciri bangunan joglo yakuwi bagean payon pendhapane dhuwur kaya gunung.
Bagian:
1.    Pendhapa: diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat
2.    Pringgitan neng tengah-tengah
3.    Dalem ageng utawa dalem: sing diperang maneh dadi 3 bagian yaiku: Senthong kiwa, Senthong tengah lan Senthong tengen
4.    Gandhok lan pawon
Jenis Variasi Bangunan Joglo
1.    Joglo limasan lawakan utawa “joglo lawakan”.
2.    Joglo Sinom
3.    Joglo Jompongan
4.    Joglo Pangrawit
5.    Joglo Mangkurat
6.    Joglo Hageng
7.    Joglo Semar Tinandhu


sumber: https://latelitepost.blogspot.com/2016/10/omah-adat-jawa.html

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer