Njaga Tentreming Urip Bebrayan
Njaga Tentreming Urip Bebrayan
Tembung novel asale saka basa Itali novella
kang tegese sawijine crita utawa pawarta sapala/sacuwil. Dadi, novel iku
sawijine crita rekan (fiksi) kang rada landhung. Menawa dibandhingake karo
crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih genep isine.
A . maca lan nanggapi isine teks
crita cekak lan niteni perangan-perangane
Crita ing novel iku sumbere bisa saka
kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane
pangripta/pengarange wae. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku
diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh), lan
watake paraga (penokohan), lakune
crita (alur/plot), kepiye pangripta
anggone nyritakake (point of view),
kapan lan papan kedadeane crita kasebut (setting),
lan wulangan utawa tuntunan kang ditunjokake marang pamaca (amanat).
Jlentrehe, tema iku underane prekara kang direnbug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak
iku genep karo watake. Kayata: sabar, wicaksana, galak, judhes, lan
sapanunggale. Plot iku gegayutan karo
kepiye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of view utawa sudut
pandang iku kalungguhane pangaripta sajroning crita. Pengarange dadi paraga
utama (‘aku’ ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake (‘dheweke’ ing
crita). Setting gegayutan karo papan lan
wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku
magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita
iku.
B . nemokake tuntunan kang ana jroning
teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa
gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca.
Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur beci, upamane bab
katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan
sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa
ketuhanan (religius), setya marang
negara (patriotisme), pendhidhikan,
kabudayan, lan sapanunggale.
Sumber:
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Mantap
BalasHapus👍👍
BalasHapusMudah dipahami
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusSaeee sanget
BalasHapusSemangattt
BalasHapusMantul
BalasHapusBahasa ny mudah di mengerti dan di pahami
BalasHapusLike
BalasHapusMantap
BalasHapus��bisa dipahami bahasa nya
BalasHapus👍
BalasHapus👍
BalasHapusMending ngerti 👍
BalasHapusBagus sekalii👍
BalasHapus👍
BalasHapusWowwwwwww sekaliiii
BalasHapus👍👍
BalasHapus👍👍
BalasHapus